tuladha pidhato bhs Jawa Wonogirinan


Assalamualaikum wr.wb

Para sesepuh,pinisepuh ingkang tansah kulo bekteni.Para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi,minangka panuntun kiblating para panembah,ingkang tansah luhuring budi.Pangarsaning panitia adon wasis pidhato basa jawi ingkang dahat kinurmatan.Para dewan juri adon wasis pidhato basa jawi ingkang kinurmatan.bapak-bapak,ibu-ibu ,para rawuh kakung saha putri ingkang tansah winengku ing sagunging pakurmatan.Lan para kanca ingkang ndherek adon wasis pidhato basa jawi ingkang kulo tresnani.

Sak dherengipun kulo murwakaning atur monggo panjenengan sedoyo kulo dherekaken ngunjukaken raos pujo dhalah puji syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah ingkang maha agung.ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, utaminipun nikmat iman saha islam.kanthi nikmat kala wau kita sedaya saget makempal wonten ing mriki,kanthi manggihaken kawilujengan mboten wonten rubedha satunggal menapa.

Sangyanging para rawuh ingkang tansah kinurmatan.Wonten ing mriki kulo badhe ngaturaken wigatosing sedyo ngengingi babagan Mangayubagyo wulan suci ramadhan.salah satunggalipun inggih meniko babagan kautamaanipun wulan suci ramadhan.


Wulan ramadhan inggih meniko wulan kamulyan ingkang katah hikmah saha wulan panglebur dosa-dosa ingkang sampun klampahan utawi dipun westani wulan magfirah (wulan ampunan) wonten ing wulan meniko kaum muslimin dipun dawuhaken deneng Allah supados nindakakenkawajiban siyam ,saha sampun kaserat wonten ing surah Al-baqoroh : 183

Ingkang werdinipun: “he wong-wong kang podho Iman diwajibne marang siro kabeh nindak ake siyam, kadi dene diwajibne sak durungmu supaya siro kabeh taqwa.”
Sedoyo titahipun gusti Allah nenggo dhumuginipun wulan ramadhan meniko saha nyiapaken sedoyo ingkang dipun betahaken ing wulan ramadhan meniko

Para rawuh ingkang kinurmatan
Siyam inggih menika sarana ingkang langkung trep kangge nglatih pribadhinipun tiang,ngindakaken iman,ukuwah saha kesadaran kito kadi dene dados khalifah fil ardli ingkang mikul amanah kangge makmuraken bumi meniko.Naliko katekan ramadhan umat ingkang iman dhumateng Allah, badhe nindakaken dawuhipun Allah swt,inggih meniko siyam ing wulan ramadhan meniko.Saha Allah paring pangapunten dhumateng sinten mawon ingkang purun nindakaken sedoyo ingkang sampun dipun dawuhaken deneng Allah,saha purun nilaraken sedoyo ingkang sampun dados awisanipun gusti Allah ingkang maha Agung.
Para titahipun gusti Allah ingkang iman dhumateng Allah meniko ,ngawontenaken persiapan-persiapan kangge mangayubagyo wulan ramadhan meniko supados ibadahipun ing wulan meniko saget istikomah saha dipun tampi deneng Allah ingkang maha Agung.
Persiapan-persiapan kala wau inggih meniko,ingkang angka setunggal:nglempengaken niat kito supados kito saget nglampahi tamu Agung(wulan ramadhan meniko kanthi istikomah.saha sanpun kasebataken wonten satunggaling hadits,inggih meniko: “INNAMAL A’MALU BINNIAT”,ingkang werdinipun :sejatosipun sedoyo amal ingkang kito tindhakaken meniko gumantung saking niatipun.
Sampun jelas bileh kita menawi badhe nindhakaken sedoyo amal meniko ,kito kedah nglempengaken niat kito,pramilo punopo menawi kito nindhakaken amalan menawi mboten kita dasari kanthi niat ingkang lempeng meniko ing antawisipun nindak aken ibadah meniko kirang sae.menawi kita sampun saget nglempengaken niat kita,insyaAllah sedoyo amalan ingkang sampun kita tindhakaken menika dados amal ingkang saget mbeto kito dhumateng derajatipun gusti Allah ingkang paling inggil ,inggih meniko derajat TAQWA.
Ingkang angka kaleh inggih menika badhe anggadahi ,badhan ingkang saras,pramilo menopo menawi badan kito saras kito saget nindhakaken sedaya amal kesaenan meniko kanthi istikomah.Selajengipun kito kedah anggadahi FIKRI utawi ilmunipun nindhakaken ibadah meniko,supados kito menawi badhe nglampahi ibadah meniko saget mantep wonten manah kita.Saklajengipun kito kedah anggadahi jiwa ingkang suci,kados menopo mmenawi jiwa kito sampun suci ,ing sak antawisipun nglampahi sedoyo amal ibadah meniko saget istikomah.
Wonten ing wedal meniko kulo anggadahi pangajak dhumateng panjenengan sedoyo,bileh sak dherengipun kita nindhakaken utawi kita wiwiti wulan Ramadhan menika kita kedah ngawontenaken persiapan-persiapan,kadidene sampun kasebat ing ngsjeng wau,saha mugi-mugi sak bibaripun wulan ramadhan menika kita dados titahipun gusti Allah ingkang suci saking dosa-dosa.kadidhene ,jabang bayi ingkang badhe medal saking garba sang ibu.
Para rawuh ingkang kinurmatan,mbok bileh mekaten ingkang saget kula aturaken ,menawi wonten lepat saha kirang mrenani penggalih panjenengan sedaya,kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami.

“SENDAL JEBAT WIS LUMUTEN, MENAWI LEPAT NYUWUN PANGAPUNTEN”
Billahi taufik wallidaya,waridlo wainnaya ,wassalamu‘alaikum wr.wb

~Nuwun~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Meluo Aku

S Y U K R O N K A T S I R O N Atas KUNJUNGANya